Saturday 10 January 2015

Pendidikan Sing Bapane Inyong _Basa ngapak_


                                                Pendidikan Sing Bapane Inyong
 Ceritane nyong tentang  keluarga. Emake duwe anak sanga anak bungsune sing nomer sanga nembe lanang, sedurunge 8 wadon kabeh. Saking sibuke emak ngurus sumur, dapur, kasur dll bapa sing beraksi mendidik karo tegas nggo anak-anake. Salutlah karo emak bapa anake akeh bisa berbagi tugas. Sing arane cobaan tah ya ana bae arane ge wong urip. 

Bagen galak terkenale se antero kelurahan Adisana Bumiayu, tapi asline bapa kwe berhati mulia. tujuane apik. Dadi imam keluarga bakale di jaluki tanggung jawab dunia akhirat. Mangkane sing awit cilik mula dibina iman Islame ben dadi wong bener tapi ora keblinger.
Senyum merekah bapa
emak bapa

edisi romantis

couple

so sweet

bersama anak bungsu


*Edisi sholat shubuh
 
sungkem lebaran

sugkem, pangampurane

Krungu moni ayam kluruk pas uput-uput sedurungu adane man Kasro. Narik selimut, mikire adane paling mesih pirang menit maning, lumayan ngliker maning. Padahal ning pedangan emak wis ketubrukan masak nggo dagang. Bapane nyong juga ora meneng, ngrewangi emak.
Suara adan wis krungu sing towa mesjid.

“Tangi! Tangi! shubuh” ujare bapane nyong nggugah anak-anake, karo nganggo punggung tangane ditepuk-tepuk alanan. Sementara sing ning kamar diketok-ketok lawange juga.
“Hmmmm” jawabe mbari keleletan.
Rupane suara kuwe kadang ora digubris. Bapa lateneng balik maning maring mushola bar sholat qobliyah. Nganti tekan rampungan sholat sunnah, jebule anake durung pada tangi. Saking ngemprah mbuh mbringsunge.

“Prakk!!”
Sandal liline bapa mabur sing mushola mburi tekan ruang tengah nabrak lawang.Uncuk-uncuk bapa langsung matane abang, otot ning gulune kosih njlaret metu. Ora kur cukup omongan tok sing ngoceh karo ngrundel sedawan-dawan dalan.

Grenjal! Kabeh pada tangi matane langsung melek, terus ngantri wudhu lateneng sholat jamaah.
Bar sholat, ora jere turu maning. Ding bapa diajari wayah shubuh kwe waktu sing tepat nggo sinau. Sebab uteke msih seger nembe tangi turu, ditambah shubuh suasanane tenang. Dadi gampang nyangkol pelajarane. Bagena awad-awad nyekel buku ning duwur kasur, suwe-suwe nggolosor turu. Kari kemutan lagi diomehi langsung ngrenjal melek maning, mbenerna posisi apen-apene serius. hehehe

Bareng wis gede tah ya ora kayak kwe maning. Kwe cerita lagi nyong cilik. Saiki tah apa-apa dewek, laka sing nggugah. Dadi kangen tapi alhamdulillah kari krungu adzan seringe otomatis tangi terus sholat. Insya Alloh ora dadi wong kebluk, isin dewek hehe

*Edisi ngaji awan
edisi lebaran 2013

lebaran 2013


Bagena kesel balik sekolah bar ucul-ucul klambi karo sepatu tetep ngaji ning Bu Saroh hukume wajib. Kari lagi sregep tah ya sregep. Sing dadi masalah kwe kari lagi mbejude kumat. Bisane gawe alesan tok, ning pikirane dolan tok karo kancane. Mbuh pan dolanan pasaran atawa pan ciblon ning Kali Keruh.

Pernah dikongkon ngaji padahal lagi sungkan men. Kanca-kanca rombongane wis pada balik, soale mangkate gasik dadi diwulange ndisit.
“Geneng ora ngaji?”
“Sungkan Pa” mbari masang rai cemberut
“Mangkat mrana! Pinter tah ora nggo Bapa, nggo ko ko pada, parek ikih”

Mbari ganti klambi, terus kudungan hawane awang-awangen pan mangkat. Batire wis pada kumpul pan dolanan. Bareng mangkat temen ning ketemu batire lagi dolanan ning kebon. Eh, malah kanclep ora jere ngaji. Balik-balik klambine glopot dicurigai.
“Bar ngaji apa dolan?
“e e nga ji pa? Gagap, matane ndeluk
 “Ngaji apa ning kebone Kaji Juljalil”
“iya Pa, dolanan” atine rasane wis kemretegmen, mbari menyek-menyek
Tangane bapa narik kupingenyong
“Tuman, bocah doyan goroh, Bapa tah ora pernah ngajari goroh”
“Huuu huuuu huuu” mewek nangis jengker
“Ngesuk kayak kwe maning yak, orasah nangis laka sing ngalem”
Akhire ditarik Mbane nyong adus,  ben meneng. Sebab nagise gawe wong gemrebeg kupinge hehehe

Lah kwe sebenere sing ggawe nlangsa. Sing gemenyen nyong kari nangis ora jere nyebut “Emaaaaaaak” mbari sesenggukan ngundangi emak nggo njaluk dibelani. Ora wani, solae pada bae, njaluk tulung ning emak ya pada bae diomahi. Sebab kiye salah dewek. Anake emak akeh, dadi cintane wis dibagi-bagi. Ora payu kari manja apa kolokan ning wong tua. Sembareng cilik dididik mandiri ora jere nggantungna masalah ning uwong.

 *Edisi bar Magrib

Yen mataharine wis mujung kulon karo ana awan warna abang-abange berarti kudu wis kudu kumpul ning umah. Ora kur ayam tok sing sedurunge magrib dikandangna. Sapa-sapa sing durung balik digolet. Kari lagi ning nggone wong disusul.

Sholat magrib luwih gampang diatur dibanding sholat shubuh. Bahkan seringe sedurunge adzan wis pada wudhu. Rampung adzan bapa langsung dadi imam jamaah sekeluarga. Bar sholat pada nyekel Quran dewek-dewek. Sing cilik nyekele juz amma. Biasane ngaki kur sekebet atawa rong kebet  (lembar). Quran sing isine juz 30 tok. Sing gawe gumun ning bapane nyong bagena mbari kedengan ning bale kari krungu anake salah langsung dibenerna. Dawa cendeke wis paham, makhorijul hurufe kari slah kon diulang, terusan ayate ya wis ngerti. Padahal Bapa dudu hafidz. Jere bapa yen ngaji bar magrib kwe ben ngilangna syetan sing ning awake dewek karo ngusir syetan sing ning ana ning umah. Toli kari umah sing sering diajeni kwe semanger, katone jembar padang ora semineb kayak kuburan.

Bar ngaji ora kelalen jadwal buku nggo ngesuk terus disinauni.Nah, biasan pangkal masalahe ning kene. Ora dadi sinau kakehen gluwean apa gelut kakang adi, mbuh gara-gara rebutan busekan atawa pulpen pokoke hal sing sepele. Mbari cekikikan , biasane kari wis krungu diomahi nembe meneng. Adzan isya wis bubaran sianu, age-age nyekel wudhu sholat jamaah. Boro-boro mikir nyetel tipi. Pengin tah pengin tapi dari pada dadi panas umah mending ora. Jere bapa kari nonton akeh tayangan sing ora ndidik, tayangane pada saru, ora pantes nggo bocah.




bareng kelurga mbah Robu

lebaran 2011


bareng Mbah Barkah

barang keluarga mbah Pat



Kayak kwe ceritane, gambaran secuil sing pirang-pirang cara didike bapa nyong. Tekan seprene mesih kelingan bae apa-apa nasehate. Kangen tah ya kangen pengina tah ya parekan bae ora adoh -adohan. Berhubung kebutuhan karo macem-macem faktor pada nggolet urip dewek. Sing pasti doane ora kari njaluk karo sing gawe urip. Muga-muga bapane nyong, emak juga diparingi sehat, urusane lancar, kentheng ibadahe, makin romantis juga.

Emaaaak Bapaaa we love you
fiy amanillah, Baarokalloh 
Jazakallohu khoirul jazaaa nggo kabeh perjuangan karo kebaikane selawase







No comments: