Sunday 24 December 2017

Sing Gas Melon Maring Pawon

Sing Gas Melon Maring Pawon

Ora ning endi-endi, weruh ning berita maning-maning gas melon langka. Jane kwe disumputna ning endi mbarah? Donge aja keliwaten dadi juragan gas sing memper. Gas melon sing 3 kg dikongkon pemerintah kon nggo wong cilik. Nggo rakyat miskin sing dianggap kurang mampu ekonomine, dudu wong sing sugih tapi ngrasane miskin. Kudune tah isin karo wong ora duwe, dudu dijukut jatahe dinggo nggo dewek. Ngresulah tah ora, kur komentar apa anane. Pen pindah maring bright gas sing 5 kg tabunge warna pink ya mikir maning.

Jaman saiki apa-apa larang, listrik mundak, gas mundak, sembako mundak. Melasi sing dadi wong cilik pada kecengklak. Saking rekasa kasabe nggolete umpamane kosih endas nggo sikil, sikil nggo endas. Bareng nggo sekleaban ge entek, ge kadang kosih kekored kari laka ya ngutang. Durung anak sekola nggo sangu dina-dinane, lah sing kebutuhan maem sedina ping telune kweh wis kudune ya nyanding.

Ya wis lah, bagi wong ora duwe balik maning nganggo pawon tah ora masalah. Apamaning urip ning kampung, kebon mesih amba. Wis biasa urip rekasa tapi nikmat. Nggolet kayu olih repek, nyempali pangpung ndadak trekelan ning wit mbuh apa. Saiki akeh blukang, mancung, manggar teng jlanah ning kebone wong ora pada diaraih. Kari kayune glondongan gede disigar karo bel arane digepuki. Kari blukang disigari sedurunge blarake dirak-raki terus digulung. Disogna ning tempat khusus kayu kari wis pada garing, dong ora disrogna ning para tempate ning duwur pawon kayak digarang mung adoh. Kari nganggo kompor lenga tanah ya luwih mikir. Kompore wis laka keropos teyengen, lengane jarang sing adol toli larang. Pawon toli geni gemleger masak cepet mateng. Nyulede nganggo korek jress parekna blarak diapit kayu. Jesss, murub kayune dadi wangwa kari metu sing pawon gari disur kari ora murub gari didamon, fuh fuh, fuuuh. Cungure ireng hehe
Blukang sing papah kelapa

Blarak bar dirakraki digulung

Padahal nyong dewek ya sungkan nganggo pawon. Repot ding ngebul kukuse gawe watuk nyegrak, luwih-luwih pawone dijejeli tepes teles. Lah, kweh gawe sangit mleding. Grabahan jarang sing kinclong, kabeh-kabeh ireng kena areng ora kur silit panci, kenceng atawa wajan ya pada. Ngasasaine alot kudu nganggo tenaga, awu, sabun, spon sing kawat ben arenge ilang. Ora kayak kwe masakane gosong, soale kadang kurang pinter ngatur genine donge aja kegeden geni malah kegeden, ya dadi geseng masakane.
Sumber foto sing indah sari balik kerja gawe mie

Nyuled pawon


Soten nganggo gas luwih praktis. Gari pasang gas disetele ditenet puter terus moni ceklek murub. Pen murub gede apa cilik gari diulir tombole. Kukuse secuil men, grabahan bersih. Masak ya ora sangit mleding. Lah, kari laka gase ya percuma ora bakal murub. Nganggo pawon toli bagena repot tapi rasa masakane luwih sedep, sumprah. Bapane nyong ge luwih seneng adang sega nganggo kayu dibanding nganggo sing adang listrik. Jere rasane sejen, ora gelis mambu toli ora cepet ngeceh. Jere emak kari ora nganggo pawon jahate gas kayang apa, anu unggal dina gegoreng. Nganggo geni sing kayu tah cepet mateng genine luwih gemleger toli bisa sekali ceos akeh.

No comments: